Assalamu’alaikum
wr. Wb.
بسم
الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و
المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد
Hadrotal
mukaromin wal muktaromin poro ngalim poro ngulama aladzinahum warosatul ambiya
ingkang tansah dipun mulyaaken dening Alloh SWT, wabil khusus dumateng
panjenenganipun alkarim romo Ky ingkang kito ajeng-ajeng maungidzoh
khasanahipun soho ingkang tansah kulo ajeng-ajeng barokah pando’a ngilmu manfa’atipun,
Poro bapak Kyai
sanesipun ingkang mboten saged kulo wiji naminipun ugi ingkang tansah kulo
ta’dimi, poro sesepuh pine sepuh ingkang dahat kinabekten,
Dumateng Bapak Kepala Griya Sakit Kebumen ingkang
kulo hormati, dumateng Ibu
Camat sa’perangkatipun ingkang Insya Alloh kulo taati menggah
peraturan-peraturanipun,
Sumrambah
dumateng poro bapak soho poro ibu
hadirin wal hadirot tamu undangan ingkang kulo hormati, mboten kesupen dumateng poro
remaja pemuda pemudi harapaning bangsa
ingkang kulo tresnani soho ingkang kulo banggaaken..
Sepindah sumonggo kita sami ngaturaken puja-puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat sarta
hidayah sahenggo ngantos wekdal
punika panjenengan sedoyo
dalasan kula saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi adicara Khitanan Masal, kanthi
sehat walafiat boten wonten alangan menapa. mugi-mugi perkempalan wonten ing wekdal meniko saged
ndadosaken ‘amal silturrohim Allohuma..... amiin.
Kaping kalihipun, sholawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi
Muhammad SAW inggih meniko salah setunggalipun nabi ingkang sampun
berhasil mbeto umatipun awit saking jaman jahiliyah ngantos dumugi jaman
islamiyah, lan mugi-mugio kito sedoyo kelebet umatipun ingkang bade nampi
syafa’atipun mbenjang wonten yaumil qiyamah Allohuma..... amiin.
Angka kaping
tigo, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun
rawuh dateng penggenan menika.
Hadirin wal
hadirot rohimakumulloh, kula
kajibah pranoto adicoro kaparingake badhe ngaturaken menggah
runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.
Ø
Adicoro ingkang ongko sepindah inggih meniko Pembukaan
Ø
Disusul adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci
Al-quran
Ø
Sholawat Nabi dumawah wonten ing adicoro ingkang ongko tigo
Ø
Adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko tanggap wacana
a)
Dene tanggap wacana A,
inggih meniko tanggap wacana saking Ketua Panitia
b)
Kangge tanggap wacana B, inggih meniko tanggap wacana saking Kepala Griya Sakit
c)
Dene tanggap wacana C, inggih meniko tanggap wacana saking Bu Camat
d)
Lan tanggap wacana D, inggih meniko tanggap wacana saking Sesulih anak
Ø
Dene adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Inti pangaosan dilajengaken doa ingkang
Insya Alloh bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Ky
Ø
Lan adicoro ingkang pungkasan inggih
meniko Penutup
Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, mekaten runtutipun adicoro ingkang bade lumampah wonten ing wekdal meniko.
1. Hadirin wal
hadirot rokhimakumulloh, monggo
kito wiwiti adicoro
ingkang ongko sepindah kaliyan waosan umul kitab, Liridhoillahi walisyafa’ati
rosulillahi Al-fatihah .............. , maturnuwun dumateng poro rawuh sedoyo, mugi-mugio kanti wasilah
waosan umul kitab meniko acara wonten ing wekdal meniko
saged lumampah
kanthi rancag engga paripurna mboten wonten alangan
sa’tunggal punopo. Allohuma..... amiin.
2. Acara
saklajengipun inggih puniko tanggap wacana.
·
Dene tanggap wacana sepindah inggih punika saking Ketua Panitia Penyelenggara,
ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Ibu.... Dhumateng Ibu ..., wekdal soho swasana
kasumanggakaken. Mekaten tanggap
wacana saking Ketua Panitia
Panyelenggara, ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun ...., dumateng panjenenganipun dipun
aturaken sih agunging panuwun.
lsp
lsp
3. Hadirin
wal hadirot rokhimakumulloh, adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup.
Sak derengipun
acara wonten enjang menika dipuntutup mbok bilih anggen kula nglampahaken
acara wonten enjang menika khatah kalepatan saha kekirangan kula nyuwun
agunging samudra pangkasami. Mangga
acara wonten enjang menika kita tutup khanti waos Hamdallah, kula aturaken.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum
wr wb
0 komentar:
Posting Komentar